Jumat, 16 Maret 2012

Pengalaman Pribadi (B.JAWA)


DHARMAWISATA DHATENG NGAYOGJAKARTA
          Wanci liburan sekolah semester II kelas VI, sekolahan kula badhe ngawontenaken dharmawisata dhateng Ngayogjakarta, inggih punika dhateng : candi Borobudur, museum Dirgantara, kaliyan Malioboro. Rikala tanggal 23 Mei 2010 kula kaliyan kanca-kanca pungkasanipun kesah dhateng Ngayogjakarta, kanthi tujuan ingkang sepindhah inggih punika dhateng candi Borobudur. Sakderengipun bidhal kita sami ngempal dhateng sekolahan. Lare-lare kempal dhateng sekolah jam 20.00. lajeng bidhalipun dipun wiwiti jam 20.30.
          Dhateng lelampahan kula kaliyan kanca-kanca nembang sesarengan. Saksampunipun kesel nembang sesarengan, kula lan kanca-kanca lajeng tilem dhateng bis.
          Saksampunipun 8 jam dhateng lelampahan ing Ngayogjakarta pungkasanipun kita dumugi dhateng panggenan tujuan ingkang sepindah, inggih punika candi Borobudur. Sakderengipun mlebet dhateng candi Borobudur, kula kaliyan kanca-kanca adus, nedha, lajeng sholat Shubuh dhateng musholla caketipun panggenan kangge istirahat. Saklajengipun panitia dharmawisata mundhut karcis dhateng loket, lajeng didumaken setunggal-setunggal.
          Saksampunipun pikantuk karcis sedaya, kita langsung mlebet dhateng candi Borobudur. Sanajan hawanipun dhateng mrika asrep amargi cuacanipun radi mendhung, kita sakanca lajeng minggah kaliyan ngubengi dhateng inggil candi Borobudur. Kula kaliyan kanca-kanca foto sareng-sareng dhateng sekitaripun stupa ingkang wonten dhateng candi Borobudur. Mboten namung wisatawan domestik kemawon ingkang mengunjungi candi Borobudur, ananging kathah ugi wisatawan saking manca negari kangge mbuktekaken menawi candi Borobudur punika leres bangunan ingkang bersejarah tumrapipun bangsa Indonesia.
          Saksampunipun dipun raos cekap ngubengi candi Borobudur, kita lajeng mandhap saking lokasi candi Borobudur. Mboten kraos sampun jam 08.30, ananging manah kula taksih kepengin ngraosaken kaendahanipun candi Borobudur. Sasampunipun punika kita lajeng nglajengaken lelampahan dhateng museum Dirgantara.
          Sasampunipun kirang langkung 2.5 jam lelampahan, pungkasanipun kita ngantos dhateng museum Dirgantara. Kita lajeng mandhap saking bis, lan enggal-enggal tumuju dhateng panggenan sadeyan karcis. Bakda punika kita lajeng mlebet dhateng museum Dirgantara. Dhateng lebetipun wonten macem-macem montor mabur rikala jaman rumiyin ngantos sakmangke.
          Sasampunipun kirang langkung 2 jam lelampahan, pungkasanipun kita dumugi dhateng tujuan ingkang pungkasan, inggih punika dhateng Malioboro. Dhateng Malioboro kula kaliyan kanca-kanca blanja rasukan, sandal, kaliyan  souvenir ingkang kathah macemipun kangge oleh-oleh sanak sedherek. Rasukan, sandal, kaliyan souvenir sedaya motifipun batik. Kula marem sanget blanja dhateng mrika, saksanesipun reginipun mirah, ugi kathah pilihanipun, ugi barangipun lumintu mboten awon sanget.
          Sasampunipun dhateng Malioboro, kita nglajengaken lampah kondur. Kirang langkung 30 menit, kita kendel sekedhap dhateng Masjid saperlu jama’ah sholat Maghrib. Bakda punika lajeng  nglajengaken lelampahan. Mboten kraos pungkasanipun kita sampun dumugi dhateng kutha Tuban, inggih punika kutha ingkang kula remeni. Kula dumugi griya jam 01.00. Lajeng adus, gantos rasukan, sholat Isya’, lajeng tilem.
          Kedadosan punika mboten badhe kula supekaken seumur gesang kula, amargi lelampahan ingkang sanget ngresepaken kaliyan ngremenaken ananging kesel sanget tapi mboten kraos.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar